kali ini ijinkan saya menuliskan blog ini dengan bahasa ibu, yaitu basa ngapak ala cilacap. Akan saya sertakan terjemahannya di bagian bawah kok :)
Wingi setu nyong ana acara nang bandung, annual meeting. Bakul buku seIndonesia tumplek blek nang kono kabeh. Senenge poool bisa ketemu batir bakulan buku sing biasane ming omong2an nang hp. Ana sing babar blas urung tau weruh fotone. Dadi ya pas nang kana sempet bedek2an. Kae si kiye apa udu ya... sing jenenge anu, kaya ngapa yaa...
nggegeti pancen, tapi nyenengine poool. nembe ketemu, wis akrab. wong anu wis biasa omong2an juga sih nang hape.
nah kan ana bonusan dolan meng singgapur karo malesia. Akeh kancaku sing takon,
Kancane (K) : kowe melu mbok rhe?
Nyong ( N ) : (mung mesem) ora yu.
K : Lha nangapa sih? eman eman koh.. mumpung urung ana bocah..
N : ora nduwe duit mba
K : laah lombo, dodolane be payu terus koh, mestine ya bathine akeh..
N : aamiin yu, tapi kan aku nek mangkat meng singgapur kudu nambah 2,5. sing go nambaih langka yu, urung sangune, ongkose meng jkt.. langka duite yu, sumpah..
le semaur karo mesem, karo mandan nelangsa jane, hahaha...
geh, jane ya, asline, angger nyong pancen temenan niat arep melu dolan meng singgapur malesia, jane ya bisa lah tek goletna duite, sing nggo nambaih, nggo sangu karo go liya2ne..
tapi nyong emoh. kayong koh nyong tegel temen, 'mbuang duit' semeno akeeh mung nggo dolan, sedangkan (ora ngerti ngapake apa, maap ya) kluargaku, mertuaku nangkene esih mangan seanane, arepan ndandani dapur be urung keturutan koh malah duite 'dibuang' go dolan2.
nek jare bojone sih, daripada nggo dolan, duite mending ditukokna emas batangan apa nggo modal dodolan.
nek nyong dewek, pancen iya, kepengin banget menganah. Tapi mbesuk, angger uripe wis lewih kepenak. Lungane bareng karo anak bojo, wong tua, mertua. InsyaAlloh lewih nyenengi lan nyenengaken.
nek kon lunga siki.. urung disit lah. urung mangsane seneng2, lagi kon priatin disit. kadar taun wingi wis meng thailand ikih, wis tau numpak montor mabur..
taun kiye nyong pengine fokus meng dodolan. Ya dodolan buku, dodolan sendal, karo dodolan liane. Gawe bocah juga. hahaha...
arep ora kakean dolan2, lunga2.. nangumah bae, nang kene bae, priatin, ngirit, ben mbesuk anake bisa urip lewih kepenak.
gole seneng2 mbesuk angger uripe wis lewih kepenak, ora2ne ya wis bisa tuku grobag go peranti kulakan dagangan, apa wis bisa gawe gubug dewek..
kaya kuwe lah kurang lewieh. Lha taun ngesuke maning sih, sing jere bonusane dolan meng korea, ora melu maning rhe? ya mbuh, ndeleng ngesuk kepriwe. kadar wis sering ikih meng korea. wingi meng bandung ya liwat korea. eh, kuwe kroya ding ya. hahaha
yawis lah, semene disit ya, arep adus kiye., dela maning bojoku bali kiyee kudu wangi ben tambah eman. hahaha
Tidak ada komentar:
Posting Komentar